Jare si mbah biyen,
1. Tanduran utawa wit kuwi ana sing urip uga ana sing mati, wit kuwi mung diarani urip lan mati ora ana nyawane,
2. Kewan ana sing urip uga ana sing mati nanging yen durung mati-mati ijih ana nyawane,
3. Wong uga ana sing urip lan ana sing wis bali, nanging yen ana wong lara nemen ora bali-bali kuwi nyawane utawa ruhe durung gelem pecat saka ragane amerga dalane peteng, uga ana sing ngarani nyawane rangkep.
Saka kandane si mbah kuwi wis cetha bab urip, nyawa, raga lan ruh uga bedane tanduran, kewan lan wong.
Ana unen-unen Nusantara-Jawa ruh gentayangan, ruh ngalumbara, ruh penasaran lsp. Kuwi ngandakake yen ruh kuwi durung bisa bali menyang sangkan paran, kosok baline uga ora ana unen-unen Nusantara-Jawa urip penasaran, urip gentayangan, urip ngalumbara lsp.
URIP kuwi ora owah ora gingsir saka mula-mulane suci lan mesti bisa bali menyang mula-mulane, sing owah gingsir ya ragane uga ruhe wong kuwi.
Ruh mapane aning cipta mula bayi kuwi lair paningale durung isa ndelok, pangrungune durung isa krungu, saya suwe saya weruh lan krungu samubarang kalir , urip mapane aning ati sumebar ning rasa.
Laku nunggal cara Nusantara-Jawa ya kuwi lelaku nunggal ciptane (ruh) karo rasane (urip), kuwi nunggal ning jagat cilik (raga), suwe- suwe yen wis kulina dadi isa nunggal karo jagad gede.
Yen wong tilar donya nalika isih bagas waras ora nate lelaku nunggal ya mesti tangeh lamun isa nunggal langgeng. Sing bener mbesuk yen bali kudhu isa nunggal langgeng sak lawase, mula saiki mumpung ijeh nang donya ya kudhu isa latihan nunggal. Yen isa nunggal bakal weruh samubarang kalir.
Miturut kandane si mbah akeh wong Nusantara-Jawa, malah sing ngaku-ngaku sesepuh pinisepuh sing dha keliru panemu amerga keblituk-kepikut ngelmu kapercayan saka manca negara banjur nyampur bawurake lelaku Nusantara-Jawa karo kapercayan utawa agama saka manca dadine malah ora karu-karuan.
Mula para lajer Nusantara-Jawa aja dha keliru panemu... Kuwi welinge si mbah biyen wanti-wanti kanggo para wayah kudhu lelaku Nusantara-Jawa asli tinggalane para leluhur ben tetep Jawa lan ngerti marang Jawane ora owah malah dadi Jawan.
Piwelinge Si mbah yen lelaku Nusantara-Jawa kaya sing di kandakake kuwi ora bakal ana nang agama saka manca apa wae. Sapa wae pawongan yen ameh lelaku nunggal, gelem ora gelem diwiwiti saka apa sing wis kadung tinulis nang batuk kudu di re-set disik, yen wis bener-bener ngerti lagi dilakoni !!!. Aja kesusu di mangerteni disik, ben ora kebat-kliwat mundhak samubarang apa wae mung dadine nang batuk (angen-angen) utawa nang lambe marahi lamis. Hee hee ngerti lan pinter kuwi beda banget.
Browse » Home »
Reaktualisasi
» MBESUK YEN BALI KUDU ISA NUNGGAL, SAIKI YA KUDU ISA NUNGGAL
Rabu, 22 Juni 2011
MBESUK YEN BALI KUDU ISA NUNGGAL, SAIKI YA KUDU ISA NUNGGAL
Langganan:
Posting Komentar (Atom)


0 komentar:
Posting Komentar